Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kawula nuwun, panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblat ing panembah, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.
Panjenenganipun para priyagung dharaning nata, para sarjana sujaneng budi, para pangemban pangembating praja, para satriyaning negari, mangka pandam pandoming para kawula dasih, ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Para alim ulama, ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci Wahyuning Illahi, minangka panuntun keblating panembah, ingkang satuhu luhuring budi.
Para baraya wira wiyata, ingkang mastuti ing reh kridhaning budaya myang karya.
Para purna karya labet praja, ingkang mahambeg luhuring darma,miwah para kadang sutresna, mudha wredha ingkang pantes sinudarsana, punapa dene para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi pepayung budi rahayu, miwah ngaturaken sewu agung aksama, mugi pinarengna kawula hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha,nun inggih mradapa awit saking keparengipun ingkang hamangku gati, kawula piniji hanjejeri minangka pangendhaliwara, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwahan prasaja ing hari/ratri kalenggahan punika.
Saderengipun kawula ngaturaken menggah reroncening tata adicara, kinarya hamurwani lekas wekasing karti gatining karya, murih purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambekala, sumangga langkung rumiyin kawula dherekaken manungku puja, ngunjukaken sembah puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun kepareng paring rahmad lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, sahengga kita saged hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci saha kaperluan rawuh kempal manunggal wonten sasana pawiwahan/pahargyan mriki, saperlu hanjenengi saha paring berkah pangestu dhumateng panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………… (ingkang mengku gati) anggenipun hanetepi darmaning sepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para rawuh kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang, rinacik, rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih :
Minangka purwakaning adicara, tinarbuka sowanipun temanten putri mijil saking tepas wangi, manjing ing madyaning sasana rinengga.
Tanggap Risang Duta Pamethuk dupi hamersani atmaja temanten putri lenggah anggana raras, tumunten bidhal dhumateng paleremanipun putra temanten kakung, saperlu kajengkarakaken tumuju dhumateng sasana pawiwahan.
Sasampunipun putra temanten rawuh wonten ing sasana rinengga, tumunten kalajengaken adicara pasrah panampi.
Paripurna adicara pasrah panampi, kalajengaken dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat Widhiwidana ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upacara krobongan.
Madyaning suka ing kalenggahan punika boten kekilapan kadang besan sutresna, lekasing sedya ugi ndherek mangayubagya keparengipun ingkang hamengku gati, mila lajeng manjing wonten sasana pawiwahan, ginarubyug sagunging para kadang santana, tumunten kalajengaken upacara sungkeman.
Ing salajengipun panjenenganipun ingkang hamengku gati badhe marak ngabyantara sami, saperlu ngaturaken pambagyaharja katur panjenenganipun sagung para tamu.
Paripurna atur pambagyaharja, temanten sarimbit badhe kalengser saking madyaning sasana wiwaha, manjing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran, santun busana kasatriyan.
Sasampunipun temanten sarimbit paripurna hangagem busana kasatriyan, tumunten kasowanaken malih wangsul ngabyantara para tamu, saperlu nyenyadhang pudyastawa mrih widadaning bebrayan.
Wondene minangka pratandha paripurnaning pahargyan, menawi temanten sarimbit sampun jengkar saking sasana rinengga, tumuju wiwaraning pawiwahan, tandha yekti pawiwahan sampun purna.
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan prasaja ing hari/ratri kalenggahan punika. Ing salajengipun keparenga para tamu pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kula dherekaken hanyrantos tumapaking adicara, sinambi nglaras rarasing gendhing-gendhing ingkang sampun cinandhi ing pita swara, ingkang badhe kaaturaken dening kadang panata pita swara. Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.