Rabu, 25 Agustus 2010

TULADHA ATUR PANAMPI PASRAH LAMARAN

Assalamualaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun Bapa ………………………..(ingkang pasrah) ingkang piniji angembani wuwus, mangka duta saraya, sulih sarira saking panjenenganipun Bapa ……………………….. sekalihan garwa (badhe/calon kadang besan) ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.
            Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, inggih awit mradapa keparengipun Bapa ……………………….. sarimbit garwa (ingkang mengku gati), kula piniji talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedyo ingkang luhur saking panjenenganipun Bapa ……………………….. sekalihan, lumantar panjenangipun Bapa ……………………….. (ingkang pasrah).
Minangka purwakaning atur, ngaturaken pambagya sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.
Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan kula tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami.
Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bapa ……………………….. sekalihan (ingkang mengku gati). Mboten kekilapan panjenenganipun Bapa ……………………….. sekalihan, namung ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya peparingipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa ……………………….. sekalihan (ingkang mengku gati), mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.
Amung semanten panampi saking Bapa ……………………….. sekalihan (ingkang mengku gati) lumantar kula, ngaturi uninga bilih menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bapa ……………………….. sekalihan garwa (badhe/calon kadang besan) wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih menawi wonten kuciwaning bojakrami, anggen kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gonyak-ganyuking wicara, cawuh kisruhing paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, kupat janure klapa, menawi lepat nyuwun pangaksama.
Wassalamualaikum Wr. Wb.