Assalamualaikum Wr.Wb.
Panjenenganipun
para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng
pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapa dene
panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga
murdaning akrami.
Kanthi
pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti, “Mugi
Rahayuha Sagung Dumadi”, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan
sadaya hangluberana dhumateng kawula.
Amit
pasang aliman tabik, mugi tinebihna ang iladuni myang tulak sarik, dene kawula
cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben
wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula piniji
minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp. ……………..………..
sekalihan.
Panjenenganipun
Bp. …………………… sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran
sagunging pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenenganipun Bp.
……………………….. sekalihan, ingkang sepisan; ngaturaken salam taklim mugi katur
wonten ngarsa panjenengan, sumarambah para kulawarga samudayanipun.
Jangkep
kaping kalih; ing nguni sampun wonten pirembagan, ing antawisipun Bp.
………………………. sekalihan, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg. …………………….
kaliyan Bp. …………………… sekalihan garwa (ingkang mengku gati) hanggadhahi kenya
siwi sesilih Rr. …………………………. Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung
pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang anjejawah sonten, ndhodhok
latar ndhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe, kanthi atur makaten karana
sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah
karsa, ingkang punika saking agenging manah panjenenganipun Bp. ………………………………..
sekalihan, anggenipun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan punika,
ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi.
Wondene
ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. ………………….. sekalihan garwa
inggih punika;
Sanggan
saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya dadosa
sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saengga mboten pisah
salami-laminipun.
Kasoking
katresnan Bp. ………………………. sekalihan dhumateng
Bp. …………………… sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman
ingkang awujud ……………………………………………, ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon
penganten putri.
Mboten
kekilapan Bp. …………………………… sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga
damel ngentheng-enthengi anggenipun Bp. ………………….. sekalihan garwa (ingkang
mengku gati) netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi
punika, panyuwunipun Bp. ………………………… sekalihan, ing benjang menawi sampun dumugi
titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut
satataning agami miwah adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing
mriki.
Minangka
pungkasaning atur, hambok bilih Bp. …………………………… sekalihan anggenipun ngaturaken
sarana dalah upakarti wonten kekiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging
samodra pangaksami. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking
panjenenganipun Bp. …………………………. Sekalihan, menawi wonten gonyak-ganyuking
wicara miwah kiranging suba sita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula
nyuwun sihing samodra pangaksami.
Aakhirul
kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.