Innalillahi Wainna Illahi Roji’un
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Purwo madyo wasono.
Satuhunipun kita sadaya kagunganipun Gusti Ingkang Akarya Jagat. Satemah bade wangsul wonten ngarsanipun kados rikalenggahan meniko sampun katimbalan marak sowan wonten ngayunanipun Gusti Ingkang Murbeng Gesang, kadang kula………………….. kanthi tentrem rikala tabuh ……………………. dumugi yuswa……………… jalaran gerah sawetawis wekdal.
Dumateng panjenenganipun para pelayat kakung sumawana putri ingkang kula bekteni, kula kinarya talanging basa ........................................ sepisan ngaturaken wilujeng rawuh. Dene kaping kalih, sadaya kulawarga ngaturaken panuwun ingkang tampa pepindan, menggah sadaya pambiyantunipun ingkang arupi wujud menopo kemawon. Mugi-mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan saha katampi dening Allah SWT sageta angsal leliru ingkang satraju saha bebingah ingkang malimpah-limpah.
Kula kinarya wakilipun kulawarga nyuwunaken pangapunten dumateng kadang sutrisno, duk rikala sugengipun almarhum/almarhummah anggadahi kalepatan dumateng panjenengan sami. Para takdiyah-takdiyin sadaya ingkang gesang meniko bade pejah (khulunafsin daikhotul maut).
Mila kanthi papesthen punika, sumangga kita ikhlasaken arwahipun almarhum/almarhummah ...................................... ingkang sampun marak sowan wonten ngayunanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad, kanthi puji donga mugi-mugi arwahipun tinampi wonten ngayunanipun Allah SWT, dipun apunten sadaya dosa lan kalepatanipun, dipun paringana papan ingkang jumbuh kaliyan lelabetipun dhumateng bangsa, negari dalah agami, punapa dene bebrayan agung. Mugi-mugi ingkang tinilar, dipun paringana tabah, tawakal, sentosa manahipun.
Semanten ugi kula kinarya talanging basa hambok bilih wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami kula tansah nyuwun sih lumunturing samudra pangaksami.
Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.