Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kawula nuwun,
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.
Keparenga kawula ing mriki, minangka talanging basa saking warga ageng Kalurahan ……………………, saperlu atur belasungkawa wonten madyaning dhuhkita ing siyang kalenggahan punika. Kanthi puput yuswanipun panjenenganipun Bapa/Ibu …………………… warga ageng Kalurahan ……………………, rumaos kecalan satunggaling pepundhen ingkang sanget dipun tresnani. Langkung-langkung menawi ngemuti sepintenta lelabetipun almarhum/almarhumah rikala sugengipun, anggenipun tansah hanuntun, hamomong, saha hanggulawenthah ingkang lerekipun dhateng kasaenan, karukunan, saha katentreman ing bebrayan agung. Pramila dhumateng sedanipun Bapa/Ibu ……………………. Warga ageng Kalurahan ……………………, Ndherek belasungkawa ingkang salebet-lebetipun, bebasan ngantos kandhas mandhesing raos matrenyuh.
Ingkang punika dhumateng panjenenganipun Bapa/Ibu ………………….. sagotrah, ingkang katemben kapanduking dhuhkita, kawula mangertos kados pundi gempiling penggalih panjenengan labet kapedhotan katresnan tinilar ingkang rama/ibu marak wonten ngayunanipun Pangeran. Mangka cihna panjenengan taksih kepingin tinengganan, pramila boten kendhat anggen panjenengan tansah mbudidaya pados usada, murih ingkang rama/ibu nirmala waloya temahan jati, jati temahan waloya, nanging sedaya wiradat kalawau boten saget ngungkuli garising kodrat, ateges gagar wigar datanpa karya. Hambok bilih punika mapan sampun dados garising pasthi, kawengku dening jidharing papesthen, jer papesthen punika awit saking karsaning Gusti Ingkang Murbeng Gesang. Kridhaning pambudi tan kumawi mbedhah kuthaning pasthi, budidayaning manungsa tan bisa ngungkuli garising Kawasa. Sanadyan kados pundhi pambudidayanipun titah ihtiyaripun manungsa, menawi sampun kinarsakaken ing Gusti, titah namung pasrah sumarah, insani namung sadremi bekti saha nglampahi.
Mila kanthi papesthen punika, sumangga kita ikhlasaken arwahipun almarhum/almarhumah ingkang sampun marak sowan wonten ngayunanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad, kanthi puji donga mugi-mugi arwahipun tinampi wonten ngayunanipun Allah SWT, dipun apunten sadaya dosa lan kalepatanipun, dipun paringana papan ingkang jumbuh kaliyan lelabetipun dhumateng bangsa, negari dalah agami, punapa dene bebrayan agung.
Semanten ugi ingkang tinilar, dipun paringana tabah, tawakal, sentosa manahipun, sahengga saget netepi punapa ingkang dados kekudanganipun tiyang sepuh. Salah satunggilipun kekudanganipun tiyang sepuh punika, menawi para putra menika dados putra ingkang sholeh.
Jumbuh kaliyan Sabda Rasulullah SAW : “Idzaa maata bnu aadamu inqatha’a amaluhu, illaa min tsallaatsin”, : Tiyang punika menawi sampun puput yuswa amalipun mandeg, ingkang dipun beta namung tiga. Mila menawi tiyang puput yuswa, dipun paringi gelu, tegesipun tugel amale sing digawa mung telu. Ingkang sepisan : “Shadaqatin jaariyatin”, amal jariah. Ingkang angka kalih : “Au’ilmin yuntafa’u bihi”, ngilmu ingkang migunani. Kekalihipun punika sampun rinegem dening panjenenganipun almarhum/almarhumah duk rikala sugengipun. Ingkang angka tiga : “Aau waladin shaalidin yad’uu lahu”, putra ingkang sholeh inggih punika putra ingkang tansah ndedongakaken dhateng tiyang sepuhipun. Menawi para putra tansah ndedongakaken, nyuwunaken pangapunten sadaya kalepatanipun tiyang sepuhipun, ateges putra punika saget nyuwargakaken dhateng tiyang sepuh. Dados putra ingkang mekaten punika, sampun saget dipun westani, putra ingkang sampun saget mikul dhuwur mendhem jero dhumateng tiyang sepuh.
Hambok bilih namung semanten ingkang saget kawula aturaken, mugi-mugi saget dados panglipuring batos. Minangka puputing atur, menawi wonten keladuking pangucap nyuwun pangapunten.
Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.