Rabu, 25 Agustus 2010

TULADHA ATUR PANAMPI PASRAH TEMANTEN KAKUNG

Assalamualaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun Bapa ……………………….. (ingkang pasrah) ingkang piniji angembani wuwus, mangka duta saraya, sulih sarira saking panjenenganipun Bapa ……………………….. sarimbit ingkang pantes sinuba sagunging pakurmatan.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pangaksama, inggih awit mradapa keparengipun kadang kula ……………………….. sarimbit, kula piniji talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedyo ingkang luhur saking panjenenganipun Bapa ……………………… sarimbit lumantar panjenangipun Bapa ……………………
Minangka purwakaning atur, ngaturaken pambagya sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya satemah saget nglarapaken sekar cepaka mulya sasele, inggih putra calon temanten kakung pun Bagus ……………………….., kanthi wilujeng nir baya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.
Sanget katampi kanthi bingahing manah, salam taklim saking panjenenganipun Bapa ……………………….. sarimbit, ingkang salajenganipun badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bapa ……………………….. sarimbit, mugi-mugi awit saking pangestunipun, sageta handayani anggenipun mengku karya, hanetepi darmaning asepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi tetepa winengku ing suka basuki.
Semanten ugi, lumaraping sekar cepaka mulya sasele, inggih pasrahipun putra calon temanten kakung katampi kanthi suka renaning penggalih. Suka bingahing manah saking panjenangipun Bapa ……………………….. sarimbit, menawi kenging kawedhar ing akathah, saha kepareng rinumpaka ing ukara, kadi kajrugukan wukir sari kabelebeging samudra madu. Ing salajengipun, menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati tumunten badhe kapanggihaken anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun sinengker ing tlatah ………………………….., saha badhe kabiwadha sakadaripun dening panjenangipun Bapa ……………………….. sakukuban.
Dhumateng panjenenganipun Bapa ………………………….. dalah pangaraking putra calon temanten kakung, sasampunipun mangke putra calon temanten kapanggihaken, kula suwun pinarak ing palenggahanipun kanthi mardu mardikaning penggalih, ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan, saperlu hangestreni tuwin paring berkah pangestu dhumateng temanten sarimbit mugi-mugi anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan agung, tansah manggih bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinuju, basuki ingkang kaesthi, miwah tansah gagah ingkang jinangkah.
Minangka puputing atur, menawi wonten kuciwaning boja krami, anggen kawula hangacarani menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih jalanidhi pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih anggen kawula matur wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, kula tansah nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.