Berikut adalah contoh Tembang Macapat "Gambuh" yang diambil dari Serat Wulang Reh yang bertemakan "Pepacuh Nindakaken Pihawon" :
1. Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadalu warsa katutuh
Kapatuh pan dadi hawon
2. Haja nganti kabanjur
Hing sabarang polah kang tan jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaha hiku
Pitutur ingkang sayektos
3. Pitutur bener iku
Sayektine hapantes tiniru
Sanadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Hiku pantes sira hanggo
4. Hana pocapanipun
Hadiguna hadigang hadigung
Pan hadigang kidang hadigung pan hesthi
Hadiguna hula iku
Telu pisan mati sampyoh
5. Si kidang hambegipun
Hangendelken kebat lumpatipun
Pan si gajah ngendelaken hageng hinggil
Ula ngandelaken hiku
Mandine kalamun nyakot
6. Hiku hupaminipun
Haja ngandelaken sira hiku
Suteng nata hiya sapa hingkang wani
Hiku hambege wong digung
Hing wusana dadi hasor
7. Hadiguna puniku
Ngandelaken kapinteranipun
Samubarang kabisan dipun dheweki
Sapa pinter kaya hingsun
Toging prana nora henjoh
8. Hambeg hadigang iku
Ngandelaken hing kasuranipun
Para tantang candhala hanyanyampahi
Tinemune nora pecus
Satemah dadi geguyon
9. Hing wong hurip puniku
Haja nganggo hambeg kang tetelu
Hanganggowa réréh-ririh, ngati-hati
Den kawangwang barang laku
Den waskitha solahing wong
10. Dene katelu iku
Si kidang suka hing patinipun
Pan si gajah halena patinireki
Si hula hing patinipun
Ngandelaken hupase mandos
11. Katelu nora patut
Yen tiniru mapan dadi luput
Titikane wong hanom kurang wawadi
Bungah hakeh wong kang nggunggung
Wekasane kajalomprong
12. Yen wong hanom puniku
Keh panggunggung hapan dadi kumprung
Pengung bingung wekasane pan hangoling
Yen den gunggung muncu-muncu
Kaya wudun meh mecothot
13. Hing wong padha gunggung
Pan sapele hiku pamrihipun
Mung warega wadhuk kalimising lathi
Lan telesing gondhangipun
Ruruba halaning huwong
14. Hamrih pareka hiku
Yen wus parek nuli gawe humuk
Pan wong hakeh sayektine padha wedi
Tan wurung tanpa pisungsung
Hadol sanggup sakehing wong
15. Yen wong mangkono iku
Nora pantes cedhak mring wong hagung
Nora wurung nenuntun panggawe juti
Nanging hana pantesipun
Wong mangkono di dhedheplok
16. Haja kakehan sanggup
Durung weruh tuture hagupruk
Tutur nempil panganggepe wruh pribadi
Pangrasane keh wong gunggung
Kang wus weruh hamalengos
17. Haja nganggo sireku
Kalakuhan kang mangkono hiku
Datan wurung tinitenan den cireni
Mring pawong sanak sadulur
Nora hana kang pitados