1. Ono kayu apurwo sawiji,
Wit bawono epang keblat papat,
Agodhong mego rumembe,
Apradopo ngekuwung,
Kembang lintang salogo langit,
Sari andaru kilat,
Woh suryo lan tengsu,
Asirat bun lawan udan,
Apepucuk akoso bengkah pratiwi,
Oyote bayu bojro.
2. Kembar mayang iku wus ngarani,
Kembar podho mayang iku sekar,
Anenggih sekare jambe,
Rinakit adi luhung,
Iku dadyo pepengin reki,
Manten estri lan priyo,
Amrih guyup rukun,
Pinarcoyo mring Hyang Sukmo,
Pinaringan momongan jalu lan estri,
Satemah bagyo mulyo.
3. Ratri iki kinayoman ugi,
Dadyo hayu kalis ing sangsoyo,
Entek lebur rubedane,
Nomo wit kalpataru,
Miwah dewondaru puniki,
Antuk karsaning dewo,
Salugu sagaduh,
Ratu miwah kang akromo,
Ingasto pro widodoro widodari,
Ander maring bawono.
4. Yekti iki nugrahaning widi,
Aji sarat nambut silo kromo,
Srono kang kondur bakale,
Amor ing estri jalu,
Dadyo tedak turuning wiji,
Ilang salwiring godo,
Putro tekeng putu,
Ucap estining wong tuwo,
Atut runtut tumeko kaki lan nini,
Ayem tentrem raharjo.
5. Pari purno wedaring semedi,
Pro jawoto Resi myang jejanggan,
Samyo nggarubyug lampahe,
Kembar mayang tumurun,
Ginarebeg pro widodari,
Gumuruh swaraniro,
Neng margo binarung,
Swaraning lokononto,
Angenganyut ngerangin mungging wiyati,
Raharjo lampahiro.
6. Titi tidhem sabawaning ratri,
Wigatine ri dalu samangkya,
Midadareni jatine,
Krenteging tyas nyenyuwun,
Meminta sih rahmating Gusti,
Wahyuning palakrama,
Mugiya tumurun,
Ndayani kang mengku karsa,
Hamiwaha putra putri kang kinasih,
Rahayu nir rubeda.
7. Duk ing nguni sapta Widadari,
Gya tumurun saking Marcukundha,
Ngasta puspita rinonce,
Mring satriya kang luhur,
Kang wus labuh labet mring Gusti,
Ginanjar Wahyu Tama,
Sekar Dewandaru,
Kang sinebut Kembar Mayang,
Iku dadya sarana sarat wigati,
Tumrap kang mantu putra.
8. Pamintane pinisepuh sami,
Mugi temanten sahabi praya,
Manunggal sih sutersnane,
Myang bangkit asesunu,
Ngupa boga jangkeping wajib,
Atur sungkem Pangeran,
Panembah satuhu,
Tanapi yayah lan rena,
Wekasane rahayu ingkang pinanggih,
Winantu bagya mulya.