Pancen amenangi jaman edan
Sing ora edan ora kaduman
Sing waras padha nggragas
Sing tani padha ditaleni
Wong dora padha ura-ura
Begjane sing eling lan waspada
Sing ora edan ora kaduman
Sing waras padha nggragas
Sing tani padha ditaleni
Wong dora padha ura-ura
Begjane sing eling lan waspada
Ratu ora netepi janji
Musna prabawane lan kuwandane
Akeh omah ing ndhuwur kuda
Wong mangan wong
Kayu gilingan wesi padha doyan rinasa
Enak kaya roti bolu
Musna prabawane lan kuwandane
Akeh omah ing ndhuwur kuda
Wong mangan wong
Kayu gilingan wesi padha doyan rinasa
Enak kaya roti bolu
Yen bakal nemoni jaman
Akeh janji ora ditetepi
Wong nrajang sumpahe dhewe
Manungsa padha seneng tumindak ngalah
Tan nindakake ukum Allah
Akeh janji ora ditetepi
Wong nrajang sumpahe dhewe
Manungsa padha seneng tumindak ngalah
Tan nindakake ukum Allah
Bareng jahat diangkat-angkat
bareng suci dibenci
Akeh manungsa ngutamakake reyal
Lali sanak lali kadang
Akeh bapa lali anak
Anak nladhung biyunge
bareng suci dibenci
Akeh manungsa ngutamakake reyal
Lali sanak lali kadang
Akeh bapa lali anak
Anak nladhung biyunge
Sedulur padha cidra
Kulawarga padha curiga
Kanca dadi mungsuh
Manungsa lali asale
Rukun ratu ora adil
Akeh pangkat sing jahat jahil
Kulawarga padha curiga
Kanca dadi mungsuh
Manungsa lali asale
Rukun ratu ora adil
Akeh pangkat sing jahat jahil
Makarya sing apik manungsa padha isin
Luwih utama ngapusi
Kelakuan padha ganjil-ganjil
Wegah makarya kapengin urip
Yen bengi padha ora bisa turu
Wong dagang barange saya laris, bandhane ludhes
Luwih utama ngapusi
Kelakuan padha ganjil-ganjil
Wegah makarya kapengin urip
Yen bengi padha ora bisa turu
Wong dagang barange saya laris, bandhane ludhes
Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan
Akeh wong nyekel bandha uripe sangsara
Sing edan bisa dandan
Sing mbangkang bisa nggalang
Omah gedhong magrong-magrong
Wong waras kang adil uripe nggragas lan kapencil
Akeh wong nyekel bandha uripe sangsara
Sing edan bisa dandan
Sing mbangkang bisa nggalang
Omah gedhong magrong-magrong
Wong waras kang adil uripe nggragas lan kapencil
Sing ora bisa maling padha digething
Sing pinter duraka padha dadi kanca
Wong bener thenger-thenger
Wong salah bungah-bungah
Akeh bandha muspra ora karuwan larine
Akeh pangkat drajat padha minggat ora karuwan sababe
Sing pinter duraka padha dadi kanca
Wong bener thenger-thenger
Wong salah bungah-bungah
Akeh bandha muspra ora karuwan larine
Akeh pangkat drajat padha minggat ora karuwan sababe
Bumi saya suwe saya mungkret
Bumi sekilan dipajegi
Wong wadon nganggo panganggo lanang
Iku tandhane kaya raja kang ngumbar hawa napsu
Ngumbar angkara murka
Nggedhekake duraka
Bumi sekilan dipajegi
Wong wadon nganggo panganggo lanang
Iku tandhane kaya raja kang ngumbar hawa napsu
Ngumbar angkara murka
Nggedhekake duraka
Wong apik ditampik
Wong jahat munggah pangkat
Wong agung kesinggung
Wong ala pinuja-puja
Wong wadon ilang kawanitane
Wong lanang ilang kaprawirane
Wong jahat munggah pangkat
Wong agung kesinggung
Wong ala pinuja-puja
Wong wadon ilang kawanitane
Wong lanang ilang kaprawirane
Akeh jago tanpa bojo
Wanita padha ora setya
Laku sedheng bubrah jare gagah
Akeh biyung adol anak
Akeh wanita adol awak
Bojo ijol-ijolan jare jempolan
Wanita padha ora setya
Laku sedheng bubrah jare gagah
Akeh biyung adol anak
Akeh wanita adol awak
Bojo ijol-ijolan jare jempolan
Wong wadon nunggang jaran
Wong lanang numpang slendhang pelangi
Randha loro, prawan saaga lima
Akeh wong adol ngelmu
Akeh wong ngaku-aku
Njaba putih njerone dhadhu
Wong lanang numpang slendhang pelangi
Randha loro, prawan saaga lima
Akeh wong adol ngelmu
Akeh wong ngaku-aku
Njaba putih njerone dhadhu
Ngakune suci, sucine palsu
Akeh bujuk
Wektu iku dhandhang diunekake kuntul
Wong salah dianggep bener
Pengkhianat nikmat
Durjana saya sampurna
Akeh bujuk
Wektu iku dhandhang diunekake kuntul
Wong salah dianggep bener
Pengkhianat nikmat
Durjana saya sampurna
Wong lugu keblenggu
Wong mulya dikunjara
Sing curang garang
Sing jujur kojur
Wong dagang keplanggrang
Wong judhi ndadi
Wong mulya dikunjara
Sing curang garang
Sing jujur kojur
Wong dagang keplanggrang
Wong judhi ndadi
Akeh barang kharam
Akeh anak-anak kharam
Prawan cilik padha nyidham
Wanita nglanggar priya
Isih bayi padha mbayi
Sing priya padha ngasorake drajate dhewe
Akeh anak-anak kharam
Prawan cilik padha nyidham
Wanita nglanggar priya
Isih bayi padha mbayi
Sing priya padha ngasorake drajate dhewe
Wong golek pangan kaya gabah den interi
Sing klebat kliwat
Sing kasep keplesed
Sing gedhe rame tanpa gawe
Sing cilik kecelik
Sing anggak kalenggak
Sing klebat kliwat
Sing kasep keplesed
Sing gedhe rame tanpa gawe
Sing cilik kecelik
Sing anggak kalenggak
Sing wedi padha mati
Nanging sing ngawur padha makmur
Sing ngati-ati sambate kepati-pati
Cina olang-aling kepenthung
Dibandhem blendhung
Melu jawa sing padha eling
Nanging sing ngawur padha makmur
Sing ngati-ati sambate kepati-pati
Cina olang-aling kepenthung
Dibandhem blendhung
Melu jawa sing padha eling
Sing ora eling padha milang-miling
Mloya-mlayu kaya maling tudang-tuding
Mangro tingal padha digething
Eling, ayo mulih padha manjing
Mloya-mlayu kaya maling tudang-tuding
Mangro tingal padha digething
Eling, ayo mulih padha manjing
Akeh wong ijir
Akeh wong cethil
Sing eman-eman ora kaduman
Sing kaduman ora aman
Akeh wong cethil
Sing eman-eman ora kaduman
Sing kaduman ora aman
Selot-selote besuk
Ngancik tutupe taun
Dewa mbrastha malaning rat
Bakal ana dewa angejawantah
Apangawak manungsa
Ngancik tutupe taun
Dewa mbrastha malaning rat
Bakal ana dewa angejawantah
Apangawak manungsa
Apasuryan padha Bathara Kresna
Awewatak Baladewa
Agegaman trisula wedha
Jinejer wolak-waliking jaman
Wong nyilih mbalekake
Wong utang mbayar
Awewatak Baladewa
Agegaman trisula wedha
Jinejer wolak-waliking jaman
Wong nyilih mbalekake
Wong utang mbayar
Utang nyawa nyaur nyawa
Utang wirang nyaur wirang
Akeh wong cinokot lemud mati
Akeh swara aneh tanpa rupa
Bala prewangan, makhluk alus padha baris
Padha rebut bebener garis
Utang wirang nyaur wirang
Akeh wong cinokot lemud mati
Akeh swara aneh tanpa rupa
Bala prewangan, makhluk alus padha baris
Padha rebut bebener garis
Tan kasat mata tanpa rupa
Sing Mandhegani putra Bathara Indra
Agegaman trisula wedha
Momongane padha dadi nayakaning prang
Perange tanpa bala
Sekti mandraguna tanpa aji-aji
Sing Mandhegani putra Bathara Indra
Agegaman trisula wedha
Momongane padha dadi nayakaning prang
Perange tanpa bala
Sekti mandraguna tanpa aji-aji
Sadurunge teka ana tetenger lintang kemukus dawa ngaluk-aluk
Tumanja ana kidul sisih wetan bener, lawase pitung bengi
Parak esuk banter
Ilange katut Bathara Surya
Jumedhul bebarengan karo sing wus mungkur
Prihatine kawula kelantur-lantur
Tumanja ana kidul sisih wetan bener, lawase pitung bengi
Parak esuk banter
Ilange katut Bathara Surya
Jumedhul bebarengan karo sing wus mungkur
Prihatine kawula kelantur-lantur
Iku tandhane putra Bathara Indra wus katampa
Lagi tumeka ing ngarcapada
Ambiyantu wong jawa
Dununge ana sikile redi lawu sisih wetan
Adhedukuh pindha Raden Gathutkaca
Arupa gupon dara tundha tiga
Lagi tumeka ing ngarcapada
Ambiyantu wong jawa
Dununge ana sikile redi lawu sisih wetan
Adhedukuh pindha Raden Gathutkaca
Arupa gupon dara tundha tiga
Kaya manungsa asring angleledha
Apeparab pangeraning prang
Tan pakra anggone anyenyandhang
Nanging bisa nyembadani ruwet-rentenge wong sapirang-pirang
Sing padha nyembah reca ndhaplang
Cina eling, syeh-syeh pinaringan sabda gidrang-gidrang
Apeparab pangeraning prang
Tan pakra anggone anyenyandhang
Nanging bisa nyembadani ruwet-rentenge wong sapirang-pirang
Sing padha nyembah reca ndhaplang
Cina eling, syeh-syeh pinaringan sabda gidrang-gidrang
Putra kinasih swarga Sunan Lawu
Ya Kyai Brajamusthi
Ya Kresna
Ya Herumurti
Mumpuni sakehing laku
Nugel tanah jawa kaping pindho
Ya Kyai Brajamusthi
Ya Kresna
Ya Herumurti
Mumpuni sakehing laku
Nugel tanah jawa kaping pindho
Ngerehake sakabehing para jim
Setan, kumara, prewangan
Para lelembut kabawah prentah
Saeka praya kinen abebantu manungsa jawa
Padha asenjata trisula wedha
Kadherekake Sabdopalon Nayagenggong
Para lelembut kabawah prentah
Saeka praya kinen abebantu manungsa jawa
Padha asenjata trisula wedha
Kadherekake Sabdopalon Nayagenggong
Pendhak suro nguntapake kumara
Kumara kang wus katam nebus dosanira
Kaadhepake ngarsane kang Kuwasa
Isih timur kaceluk wong tuwa
Pangiride Gathutkaca sayuta
Idune idu geni, sabdane malati, sing bregudul mesthi mati
Kumara kang wus katam nebus dosanira
Kaadhepake ngarsane kang Kuwasa
Isih timur kaceluk wong tuwa
Pangiride Gathutkaca sayuta
Idune idu geni, sabdane malati, sing bregudul mesthi mati
Ora tuwa ora enom
Semono uga bayu wong ora ndayani
Nyuwun apa bae mesthi sembada
Garise sabda ora gantalan dina
Begja-begjane sing yakin
Lan setya sabdanira
Semono uga bayu wong ora ndayani
Nyuwun apa bae mesthi sembada
Garise sabda ora gantalan dina
Begja-begjane sing yakin
Lan setya sabdanira
Yen karsa sinuyutan wong satanah jawa
Nanging pilih-pilih sapa waskitha pindha dewa
Bisa nyumurupi laire embahira
Buyutira, canggahira, pindha lair bareng sadina
Ora bisa diapusi
Amarga bisa maca ati
Nanging pilih-pilih sapa waskitha pindha dewa
Bisa nyumurupi laire embahira
Buyutira, canggahira, pindha lair bareng sadina
Ora bisa diapusi
Amarga bisa maca ati
Wasis wegig waskitha
Ngreti sadurunge winarah
Bisa priksa embah-embahira
Ngawuningani jaman tanah jawa
Ngreti garise siji-sijining umat
Tan kalepyan sumuruping gegaman
Ngreti sadurunge winarah
Bisa priksa embah-embahira
Ngawuningani jaman tanah jawa
Ngreti garise siji-sijining umat
Tan kalepyan sumuruping gegaman
Mula den udia satriya iki
Wus tan bapa tan bibi
Lola wus aputus wedha jawa
Mula ngendelake trisula wedha
Wus tan bapa tan bibi
Lola wus aputus wedha jawa
Mula ngendelake trisula wedha
Landhepe trisula
Pucuk arupa gegawe sirik agawe pepati utawa utang nyawa
Pucuk arupa gegawe sirik agawe pepati utawa utang nyawa
Sing tengah sirik agawe kapitunaning liyan
Sing pinggir tulak talak colong jupuk winaleran
Sirik den wenehi ati melathi, bisa kasiku
Senenge anyenyoba, aja kaina-ina
Begja-begjane sing dipundhut
Ateges jantrane kaemong sira sabrayat
Sing pinggir tulak talak colong jupuk winaleran
Sirik den wenehi ati melathi, bisa kasiku
Senenge anyenyoba, aja kaina-ina
Begja-begjane sing dipundhut
Ateges jantrane kaemong sira sabrayat
Ingarsa begawan wong dudu pandhita
Sinebut pandhita dudu dewa
Sinebut pandhita dudu dewa
Sinebut dewa kaya manungsa
Kinen kaanggep manungsa sing seje daya
Tan ana pitakonan binalekake
Tan ana jantra binalekake
Kinen kaanggep manungsa sing seje daya
Tan ana pitakonan binalekake
Tan ana jantra binalekake
Kabeh kajarwakake nganti jlentreh
Gawang-gawang terang ndrandang
Gawang-gawang terang ndrandang
Aja gumun aja ngungun
Yaiku putrane Bathara Indra kang pambayun
Tur isih kuwasa nundhung setan
Tumurune tirta brajamukti, pisah kaya ngundhuh
Yaiku putrane Bathara Indra kang pambayun
Tur isih kuwasa nundhung setan
Tumurune tirta brajamukti, pisah kaya ngundhuh
Ya siji iki kang bisa njarwakake
Utawa paring pituduh jangka kalaningsun
Utawa paring pituduh jangka kalaningsun
Tan kena den apusi
Amarga bisa manjing jroning ati
Ana manungsa kaiden katemu
Uga ora ana jaman sing durung kalamangsane
Amarga bisa manjing jroning ati
Ana manungsa kaiden katemu
Uga ora ana jaman sing durung kalamangsane
Aja serik aja gela
Iku dudu waktunira
Ngangsua sumur ratu tanpa makutha
Mula sing amenangi gek enggala den luru
Aja nganti jaman kandhas
Madhepa den amarikelu
Iku dudu waktunira
Ngangsua sumur ratu tanpa makutha
Mula sing amenangi gek enggala den luru
Aja nganti jaman kandhas
Madhepa den amarikelu
Begja-begjane anak putu, iku dalan sing eling lan waspada
Ing jaman kalabendu nyawa
Aja nglarang dolan nglari wong apangawak dewa
Dewa apangawak manungsa
Sapa sing ngalang-ngalangi bakal cures ludhes sabraja dlama kumara
Aja kleru pandhita samudana, larinen pandhita asenjata trisula wedha
Ing jaman kalabendu nyawa
Aja nglarang dolan nglari wong apangawak dewa
Dewa apangawak manungsa
Sapa sing ngalang-ngalangi bakal cures ludhes sabraja dlama kumara
Aja kleru pandhita samudana, larinen pandhita asenjata trisula wedha
Iku paringe dewa
Ngluruge tanpa wadyabala
Yen menang datan ngasorake liyan
Para kawula padha suka-suka
Amarga adiling Pangeran wus teka
Ratune nyembah kawula, agegaman trisula wedha
Ngluruge tanpa wadyabala
Yen menang datan ngasorake liyan
Para kawula padha suka-suka
Amarga adiling Pangeran wus teka
Ratune nyembah kawula, agegaman trisula wedha
Para pandhita ya padha ngreja
yaiku momongane Kaki Sabdopalon sing wus adus wirang
yaiku momongane Kaki Sabdopalon sing wus adus wirang