Kamis, 25 Agustus 2011

TULADHA ATUR PASRAH TEMANTEN SEKALIAN

Assalamualaikum Wr.Wb.
Kawula nuwun, kanthi linambaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka sukur dhumateng Gusti, “Mugi  Rahayuha sagung Dumadi” tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula lan panjenengan sadaya.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………, kula kadhawuhan nglarapaken putra temanten sekalian, mugi katur panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………...
Panjenenganipun Bapa ……………………………. ingkang jumeneng hangembani wuwus minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa/Ibu ……………………..ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah wigatosing sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan.
Ingkang sepisan, ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun Bapa/Ibu …………………………. boten saged hanindakaken piyambak masrahaken putranipun temanten sekalian, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim mugi katura ing panjenenganipun Bapa/Ibu ……………………………... Ingkang lumantar kawula. Sanget ing pamujinipun, bilih anggenipun mengku karya hanetepi darmaning asepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Jangkep kaping kalih, rehning putra temanten sekalian pun Bagus ………………….. atmaja kakung saking Bapa/Ibu ……………………. ingkang pidalem ing ............................................. sampun kalampahan ijab/dhaup suci kaliyan Rara ………………………….. kenya siwi saking panjenenganipun Bapa/Ibu ………………………. kala wau dinten ....................... surya kaping ....................... wanci tabuh …………….  WIB mapan ing dalem ......................., kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa.
Pramila ri kalenggahan punika temanten sarimbit kula pasrahaken dumateng Bapa/Ibu…………………..sekalian. Sumangga mangsa barang hanggenipun nenuntun saha paringa wewarah dhumateng temanten sarimbit dhadosa warga ingkang sakinah, mawadhah, tuwin warahmah
Dene ingkang wekasan, sasampunipun paripurnaning pahargyan, kula sarombongan pangombyong temanten sekalian, keparenga nyuwun pamit saha nyuwun pangestu, mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.
Semanten ugi, hambok bilih anggen kawula minangka talanging basa wonten gonyak – ganyuking wicara, kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.
Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.